Wong sing paling tak tresnani sak donya yoiku *SIMAK KU*
Uwong kang seneng ngapusi, nanging jaminane suwarga
Yaiku SIMAK KU
Saben wayah, saben ndino, direwangi kerjo ketekuk ringkel, kanggo aku, awak sayah ora lumrah..
Ngendikane jare wis biasa,…….
Yen ono rejeki, olah2 nyisihke lawuh kanggo aku,……
Bareng aku mulih,……
Simakku ngendiko, gek maem kae ana lawuh iwak, simak ora pati seneng iwak,…….
Yen lagi olah2 sithik, ngajak maem aku…
Simak ngendiko,
wis gek ndang maem, simak ora luwe
Yen aku lagi loro, nganti tengah wengi anggone nunggoni,……
Bareng aku nglilir, simak ngendiko,
Wis gek ndang bobok maneh ben ndang sehat,…… simak durung ngantuk
Yen aku wis rampung sekolah, iso kerjo arep kirim duwit…
Simak ngendikan
simpenen wae kanggo celengan, simak isih duwe duwit….
Simak ngapusi lelakon uripe, simak nganggep aku koyok bocah cilik terus, simak tansah sumelang, tansah mikir kahanan aku
Simak ora mikir sepiro sugihe aku,….
Simak ngapusi merga rasa ikhlas lan luhur pengorbanane.
Duh,…..Gusti Allah,….
*Mugi2 dipun ngapunten sedoyo kalepatane emak kulo, dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun simak kulo,*
*mbok bilih panjenengan kersakaken simak, mugi pinaringan papan Suwargi ingkang sae kagem Simak kulo……..*
*Aamiin*.
(AWI)


Komentar