Tepak mageh cilik bengen, isun wis kerungu nong kewan uling paran maning apakisun angger ulih uga diolah pelasan. Sakliyane iku, tepak memengan pisan ihun ya tau kerungu ana uwong uga kancanisun hang nyeluk aran uling kaot. Hun pikir aran uling kaot iku sejenis uling pisan hang ana ring banyu. Pemahaman iku gadug sampek seperene, hun anggep uling kaot iku mageh jenis uling. Ternyata rasa penasaran hang kadang njumbul nong angen angen garai kepingin takon. Akhire hun takon nyang apak, adonisun, Mbah Sonah, Man Las perkara wujude kewan uling kaot. Teka cerita wong lara iki, hun gabung dadi gedigi ceritane:
“Bengen ana uwong thuwek hang aran Kek Kaot celukane. Uwong iku mula urip saben dinane nong Desa Benelanlor. Kek kaot iku akeh hang percaya dung iyane iku melebu jajarane uwong uwong hang sakti, dhuwur ilmune, duweni kekuatan hang sing diduweni ambi saben uwong uwong biyasah. Ana dina hang ring wektu iku Kek Kaot tukaran ambi wong tuweke hang mula padha padha sektine. Aran apak ya hing tega dung mateni anak semana uga anak nyang bapake. Akhire ring tukaran iku muka bapake Kek Kaot menang uga kerana hing tega mateni anake akhire disabda utawa diubah wujud menungsa anake dadi wujud kewan uling. Pantesane tukarane ana ring pinggir banyu, kerana sakmarine disabda dadi uling, bapake Kek Kaot iku ngandoh anake muka nong banyu hang mili ring tengah tengah Desa Benelanlor ambi Desa Gombolirang (anane banyu iku mula dadi perbatasan desa).” Posisi ngeculaken uling kaot muka ana ring banyu pengadusane wong lanang hang banyu iku diarani banyu welek. Dung pastine ana ring elore masjid Benelanlor.
“Wujud uling kaot iku ana bidhane ambi uling uling liyane, kerana ana kuping ring kiwa tengen endase. Lan bapake kek kaot nguweni weluri nyang masyarakat Benelanlor hang supayane bisa disampekaken nyang anak putune. Welurine muka isine yaiku:”
Ring banyu iki hun andoh anakisun hang wis sun sabda dadi uling. Rika-rika kabeh bisa nyeluk anane uling iki nganggo aran ULING KAOT.
Serta aja sampek dijuwut kadhung weruh ana uling nong banyu iki paran maning sampek nggolek. Ambi hun titip wekas nawi ana uwong njaba desa golek uling ya hun jaluk warahen.
Hang ketelu yaiku rika rika kabeh bisa mancing, nggolek, utawa njuwut uling sakngisore DAM. Sak dhuwure banyu DAM aja dijuwut. Kerana dung ngisore banyu DAM iku wis hun anggep uling hang dadi anak buah utawa kanca kancane anakisun Kek Kaot muka.”
Cerita iku wis dadi turun temurun gadug isun saiki ring taun 2021. Mung beberapa kanca kanca sakpantaranesun mageh ana hang sing ngerti anane cerita iki. Naming wujud uling kaot muka ya ana hang ngggarai jangget uataw nggarai percaya. Ana uwong hang sun takoni tentang cerita iku, langsung iyane padha cerita kisah kisah mistis uga hing melebu akal terkait uling kaot muka.
Cerita iki teka Embah Rodiyah hang umure wis kira kira melebu 70 tahunan. Ring kana embah iku duduhi isun kadhung ana uwong hang ulih uling ring sak nduwure banyu DAM. Terus ulinge wis dipeceli cilik cilik. Ternyata tepak uwonge hing sadar mara mara uling hang wis siap diolah muka ilang wujude. Hang arep ngolah muka langsung bingung lan akhire percaya anane cerita uling kaot.
Hang kepindho, cerita iki teka Man Las hang wis umur 40 tahunan hang wektu iku tepak gesah ambi nyukur isun. Iyane cerita dung cerita uling kaot iku wis ana sakat jamane anang lan embahe bengen. Uga ana cerita dung ana uwong hang mari ulih uling teka banyu sak dhuwure banyu DAM muka. Uling hang wis diulihaken muka endase wis dikutung utawa wis dipateni. Naming ana anehe yaiku rodok suwi sakmarine dipateni, uling muka bisa melaku kayadene uling biyasahe hang mageh urip. Serta gedigu ulinge muka diculaken uga wedi arep ngolah.
Hang ketelu, yaiku ceritane Anang Samsul Muarif hang umahe mula parek ambi banyu welek. Bengen mageh durung ana pembangunan eris ring banyu banyu panggonan pengadusan khususe nong banyu welek iku bisa diarani tepak mageh alami) mula ana rong utawa bolongan ring sak ngisore gerojogan banyu welek. Jarene maning yaiku ronge iku dipercaya umahe uling kaut muka. Posisine ana ring pinggir kidul ring dasare banyu welek. Ana hang tau cerita dung tepak adus ring kana angger sikile wong wong hang adus muka kerasa dung diliwati ambi awake uling kaut hang sak mareke iku serta didheleng wis hing ana wujude.
Percaya hing percaya, kisah kisah iku wis jangget nong masyarakat Benelanlor khususe hang mageh urip sakat tahun 80an. Kerana ring lalare kelahiran 90an kayane mageh kebek hang durung weruh cerita iku.
Masiya gedigu, hun tulis cerita iki mane bisa ana wujud hang bisa diwaca uga bisa njaga mane hing ilang anane kisah hang tau ana ring Benelanlor. Salah lupute hang hun tulis iki njaluk sepura hang akeh sak akeh akehe. Nawi ana tambahan utawa ana hang perlu dibecikaken teka tulisanisun mangga isun warahen aja mung diwel bain…………..
Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)


Komentar