oleh

SEDINO PUTER KAYUN LIMANG KABUPATEN PROVINSI BALI – TANAH LOT, SESEH, KERTAGOSA, PANGLIPURAN, MASJID SUDIRMAN

Dino Ahad /Minggu, 01 Agustus 2021 bakda sembayang subuh pas jam 05.45 WITA sakwise ngombe wedang kopi lan mangan jajan onde-onde ambi orong-orong hang diumani mbok uut, Kang Dodo’ manasi pit gede merk N – MAX.
Wes dadi adate saben isuk manasi pit hang arep dinggo melaku ngancani pegaweane.

Dino Minggu ngawali ulan Agustus tepak mari nrimo peces asile buruh mbongkari jok kursi milu juragan Bali Sofa 2, wes dirunding arep melaku puter kayun nginceng kahanan hang mage PPKM kusus panggon wisata. Kabupaten  Tabanan hang kesuwur ambi panggon wisata Tanah Lot diinceng solong,jarak teko umah seng adoh kurang lebih ono limo sampek petung kiloan.

IMG-20210802-WA0012

Teko gerbang wisata Tanah Lot dicegat petugas Satpol PP lan satgas covid,”mau kemana ? ini masih PPKM, belum boleh masuk area wisata”.

Langsung baen dijawab ambi kang Dodo’ ..Ya bu cuma jalan pagi saja ini cari udara segar. Mari digu langsung puter balik nuju dalan utama, kiro-kiro sak kilo teko area wisata akeh lare sepedaan, rombongan remaja nganggo sepeda onthel lan klambi olah raga podo santai melaku nong dalanan hang mage sepi.

Sedeng pas noleh ngiwo, katon poro buruh tandur pari podo gridoan ambi gojekan coro balian nggunemaken kahanan pandemi hang seng mari-mari.
Masiyo gedigu poro buruh tandur iku yo patuh nggawe masker geno ta ono reng tengae sawah.

IMG-20210802-WA0014

Hun sopo ambi ngedumi jajan onde2 lan urung2 hang diwadai plastik,”Ampure meme-bapa nike wenten jajak uli ketan campuh klapa, gula toping wijen. Kanggonan timpal ngupi nggeh, ”
Matur sukseme gek…

Wes gedigu langsung dinggo rebutan jajan khas banyuwangi iku ambi buruh tandur pari hang ono kidule kantor banjar batu gilik desa braban kecamatan kediri ,kabupaten Tabanan,hang isuk iku koyone mari due gawe/ karya bab akeh honda pit hang diparkir ngarep kantor ,ugo podo mbongkari terob.

Tujuan keloro langsung nong pantai seseh,desa Cemagi, Mengwi Kabupaten Badung, jam 06.15 WITA,wisatane moso ditutup tapi akeh papan tulisan bab prokes hang kudu dilakoni. Ketemu ambi Pak Mangku hang dadi juru kunci makam Wali pitu Bali paling tuek (Syeh Chamdun Khairus Saleh) turunan Blambangan.

Mari nyopo lan gesah pak Mangku curhat ono hang ganjel nong pikirane, sampek isuk iki yane mari njaluk petunjuk lan kroso oleh jawaban teko asil diskusi singkat. Pamitan teko pak Mangku ninggalaken Kabupaten Badung pas jam 07.00 WITA.

Kabupaten semarapura/ Klungkung ditempuh mung sak jam setengah 08.15 WITA wes gaduk nong Alun -alun, liwat by pas Ida Bagus Mantra dadine cepet. Ngarepe kantoran bupati Klungkung, pit dijagrak keloron mlaku nyabrangi dalan ndileng Kertagosa ( panggon aduse putri raja lan poro selire)hang saiki dadi museum bergambar relief nong wuwungane bangunan. Podo baen bisone mung nyawang teko njobo pageran. Madep ngulon ono monumen puputan Klungkung tulisane aran raja Klungkung I Gusti Ngurah Jambe.Pas ngarepe patung catur muka perempatan nuju arah pelabuhan padang bai karang asem,pure besakih,kerajaan gel-gel, lan arah balik Gianyar lan Bangli
Mage isuk jam 08.45 tujuane kabupaten Bangli, desa Panglipuran,gaduk pasar Bangli jam 10.00 WITA, sedilut mampir toko Victory Fashion ana broyo teko Banyuwangi aran haji pah hang ngelola tokone.

Mbak isun arep nong panglipuran riko titip paran?? hun titip jamu loloh 5 ya botol gedhe ojo lali ditunggu yo semaure mbak aji pah. Pit dijejek maneng muter pasar kenceng ngulon seng beluk-beluk ,nyambangi desa panglipuran hang wes kondang kesuwur desa adat hang mage kencheng awig-awige.

Nong gerbang utama dipangklang ambi wesi lan ono tulisan Tutup sementara selama PPKM. Byek kabeh petang panggonan podo tutup seng trimo tamu.
Pecalang aran pak Marjaya hang njogo nguweni penjelasan kadung bukae yo pas marine PPKM. Kanggo tombo kepeles keloron terus ngubengi desa panglipuran nuju alas jajang sampek tutug pucuke wates deso Buung.

Hang dadi lereme ati, alas jajang iku uwapike masaalah,mlebu mrono akeh oksigen hang kroso sefer mlebi paru-paru. Howo adem lan kahanane koyo bengi krono seng ono cemlorote serngenge biso nembus pasukan pageran jajang hang koyo benteng iku.
Kiwo tengen dalan, jajang tali podo temiyung koyo mlebu guo rasane.
Muter balik teko desa perbatasan Buung, hun golet pesenane mbok aji pah. Loloh Cem-Cem produk andalane Bangli hang due kasiat, koyo ngusir loro weteng,panas njero, seng enak madyang,lan liyane.

Petugas hang njogo parkiran/ pecalang desa I Nengah Surgiwa njelasaken bab produk UKM andalan desa Bangli iku,yaiku Loloh Cem-Cem. Ramuan teko herbal godong pegagan,banyu asem, gulo, uyah, campuri peresan jeruk. Diumbe khasiate langsung kroso . Gedigu hang dijelasaken maning ambi bakule, mbok Made Simen hang nawakaken herbal kunir asem. Tapi butue mung Loloh baen jawab isun.
Moleh teko Bangli bakda dluhur, mampir sembayang nong masjid besar Sudirman denpasar, jam 15.00-16.15 WITA. Bakda asharan langsung moleh nong Munggu gaduk panggonan wes samar wulu ,magrib wayae noto ati lan ngurubaken lampu teras.

Ketang yo sopo ngongkon mage PPKM mlali-mlali, kije lakon? Seng ono panggonan pariwisata bukak kabeh podo pet koyo mati lampu, semeton Bali iki patuh nong peraturan seng ono hang wani nglanggar paran hang dadi putuse pemerintah.

Ojo ono wani nerak,mesti pecalang lan petugas satgas langsung mudun.
Yo wes cukup faham sedino iki puter kayun 5 Kabupaten provinsi Bali,masa pandemi mbukak moto lan ati, perekonomian, pariwisata, kabeh podo ngrasakaken sepine dunyo koyo damar mati dikebes angin.

Mugo cepet aron, waras lan seger dijamoni Loloh Cem -Ceman, manjer bagas kawuryan koyo sorote serngenge hang tepak nong mbun mbunan.
Nglempoh lungguh tempoh dzikiran… ( Ambarwati Soenarko).

Komentar

Tinggalkan Balasan

Alamat surel Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *