oleh

Bojog Putih ring Dukuh Talun Jeruk

Penomena alam kang dadi mitose Alas Larangan Cempoko Putih Dukuh Talunjeruk Desa Glagah Banyuwangi. Dadi keyakinane warga Dukuh Talun jeruk Desa Glagah kang secoro turun temurun. Kapan sewayah wayah Bojog rawatane mbah buyut Saridin kang rupane wulune putih wis ngaton iku pertondone iku Seblang artine : Sengkolo balak ilang. Maksude berindeng utowo pageblug bakale sirno.

Screenshot_20210814-150954

Setengah tahun kepungkur petani sak kiwo tengene alas larangan cempoko putih dibangun lurung anyar ambi golongane petani Dukuh Talun Jeruk. Ono ring Dino Senin 9 Agustus 2021 sekiro jam telu soren/mari asar ono bojog wulune putih melaku-melaku ring lurung kang buru digawe ambi poro petani . Ketepatan malem Seloso iku tanggal 1 Muharom 1443 H utowo siji Suro 1955 tahun Jowo wong Dukuh Glagah podo selametan kampung
utowo selametan Barikan nulak Seblang: Sengkolo Balak Belahi supoyo ilang. Adat kang wis dadi tradisi wis dilakoni secoro turun temurun kerono dianggep budoyo lan pesan moral poro leluhure. Paran maning ono kedadian aneh yoiku Bojog putih moro-moro ngaton lan keneng difilem/vidio masarakat tambah ndadi keyakinane.

Kerono mulai jaman bengen ono cerito bojog putih rawatane mbah buyut Saridin iku mung omongan jare-jare yo diyakini. Serto saiki metu melaku-melaku, ugo keneng dividio, wong dukuh podo selametan lan podo gedi-gedian ono ring malem Seloso pon tanggal 9-10 Agustus 2021 noring latar ngarepe umahe lan ono ring lurung Kampungan Dukuh. (Basuki ).

Komentar

Tinggalkan Balasan

Alamat surel Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *