oleh

GANDRUNG SEWU TAMBA KANGENE ATI.

Para Seniman, Budayawan lan Pemerintah Kab. Banyuwangi ngupayakaken kelendi carane icon gandrung terus ana lan lare enom-noman saya nggandrungi ring keseniane dhewek. Salahsijine yaiku nggagas lan tandur-tandur pendhapat kelendi carane nyuguhaken tarian gandrung hang sing kaya adate. Para Seniman hang kala iku dipandhegani (alm) drh. H. Budianto lan kanca-kanca Patihsenawangi (Paguyuban Pelatih Kesenian Banyuwangi) padha ceker-ceker ringendi anane lare hang bisa njuget gandrung. Ubed hang dilakoni pirang-pirangane ulan iku ngasilaken karya bareng hang kaya mercon celorotan ring langit bengi yaiku : Gandrung Sewu.

Gelar kawitan Judule “Jejer Gandrung” tanggal 17 November 2012 nampilaken 1.044 Penari teka tingkat SD sampek SMA. Pagelaran Gandrung Sewu kawitan iku dadi gaco kanggo nganget-ngangeti tari Jejer Gandrung hang digarap ambi Maestro Sumitro Hadi tahun 1974. Tari Jejer Gandrung didadekaken tarian kanggo mapag tekane dhayoh.

IMG-20221031-WA0037

Tahun seteruse nyuguhaken “Paju Gandrung” digelar 23 Novemer 2013 nekakaken 2.106 Penari Jebeng lan Thulik. Tarian iku nggambaraken tari pergaulan lare enom-noman. “Seblang Subuh” digelar 30 Novemer 2014 kelawan ngajak 1.184 Penari. Nggambaraken njumbule Gandrung Lanang teka Karen-karene prajuri Jogopati hang nerusaken ngelawan VOC nganggo cara gerilya ring kutha anyar, Banyuwagi.

Judul “Podo Nonton” digelar 26 November 2015 nampilaken 1.208 Penari. Nyuguhaken cerita ngelawane rakyat Belambangan hang dipimpin Pangeran Jogo Pati ngedhepi Pasukan VOC lan kacung-kacunge ring Tegal Perangan Songgon. Judul “Selang Lukinto” digelar 17 November 2016 ngajak 1.218 Penari. Cerita hang disuguhaken yaiku pidtuduh kelendi carane kari-karine prajurit Pangeran Jogo Pati ngelawan anggota VOC. Judul “Kembang Pepe” dieber 8 Oktober 2017 nggawa 1.212 Penari. ngisahaken taktik prajurit Belambangan kanggo ngala anggota VOC nganggo omben-ombenan hang mendemi. Kadhung aggoyta VOC uwis mauk sig duwe tenaga, diseret ninng alas la nana uga hang diered ring pesisir aju dipateni. Cara iku ditata ambi Bupati Mas Alit kelawan nganggo cara sengidanan. Judul “Layar Kumendhung” digelar 20 Oktober2018 kelawan jumlah 1.198 Penari. Nyeritakaken bocore rahasia Mas Alit dadi penndhukung gerilyawan. Judul “Panji-panji Sunangkoro” digelar tahun 2019 ngusung 1.300 Penari, ngisahaken gugure Mas Alit kerana dirompak. Keruwedan perompakan kapal nganggo bendera VOC hang ditumpangi rombongan Mas Alit iku kedadeane ring Laut Jawa elore Gresik. Tahun 2020 wurung nggelar Gandrung Sewu merga ana pageblug.

IMG-20221031-WA0039

Masiya tah uwis nnyepakakenn judul lan narasine lan uwis dirembugaken yaiku “Ndaru ring Telatah Belambangan”. Tahunn 2021 dilaksanakaken Gandrung Sewu kelawan nganggo teknologi hang dadi pokok saranane. Emeh kabeh pendukung acara teka IKAWANGI sak Nusantara lan ana uga hang teka IKAWANGI jabane negara, ngirimaken hasil garapan video record tari Gadrung, aju dikirim lan di edit ambi kanca-kanca Disudpar Banyuwangi. Hasil teka usahane iku nghasilaken judul : Merajut Harmoni. Tahun 2022 dilaksanakaken maning kelawan ngusung judul “Kemilau Bumi Belambangan” terjemahan teka judul lokal “Sumunare Telatah Belambangan”. Gebyar Gandrung Sewu tahun iki ngusunng 1.188 personil.

Kemilau Bumi Belambangan nggawakaken cerita, nalika Belambangan dipimpin Raja Menak Sembuyu digulung pageblug. Soren keneng serang, bengine mati. Bengi kerasa lara isuke kudu dikubur. Penguripan kala semono ruwed. Sampek-sampek, anakwadonne raja hang aran Sekardadu uga keserang penyakit aneh iku. Serta Syech Maulana Ishak teka mbantu cawe-cawe ngobati masyarakat lan Dewi Sekardadu, berhasil. Pagelug sirna teka telatah Bumi Belambangan. Syech Maulana Ishak dinikahaken ami Dewi Sekardadu. (kangujik)

Komentar

Tinggalkan Balasan

Alamat surel Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *