oleh

TRADISI SEPASARAN NENGERI ARAN, NONG KAMPUNG SANTRI.

Ono santri hang patheng ngaji arane Azzam. Larene nggantheng, kulitane kuning rijik wes gedigu larene penter.
Lebaran aji kurang 4 ndino Azzam seng mlebu, dienteni sampek kurang rong ndino yo heng ono kabare, wes bengi ono tulisan sms nong wa, “buk kulo absen nggeh, mamak sakit, “jarene.

Hun pikir oh loro weteng biasa iku.
Bakda sembahyang Idul Adha ujuk-ujuk Azzam santri nisun moro lan ngocap

“Bu guru adik kulo pun lair ayu nggeh buk, “Mak jleb.. isun kaget, dadi Azzam sore iku nunggoni make babaran ta…
Kabar apik teko Azzam iku terus disiaraken nong kabeh wali santri hang hadir.

IMG-20210801-WA0006

Pas dino Jumat tanggal 30 Juli 2021 mulai jam 5 sore santri ngaji podho teko, koyo adat biasane puji-pujianan, sholawatan lan diterusaken moco donga-donga trus nderes Qur’an.
Sembayang magrib dilakoni khusuk ambi kabeh jamaah, mulai lare cilik, pemuda lan wong tuwek.

Bakda magriban selametan nengeri aran kanggo adike Azzam, hang diarani Ayzila Rahman anak nomer loro iki dipondhong ambi bapake hang aran Fariz Rahman usahane nong Canggu FARIZ Leather. Jahit tas lan kerajinan kulit ( pendalungan lombok-negara).
Fariz Rahman iki hang lahir lan gedhi nong Bali oleh rabi wong Glenmore Banyuwangi.

Disaksekaken ambi lare santri, jamaah lan ugo paman bibie, datuke pisan yo milu nyaksekaken slametan nengeri aran hang dirapel ambi dungo selamet kanggo paman bibie (Ilham lan Malika Mustika) arep mondok nong Kediri Tabanan, lan kuliah nong Sekolah Tinggi Islam Denpasar.

Poro santri lan jamaah, ndungo ambi moco selawatan krungu koyo ngiris -ngiris ati, lare bayi aran Ayzila Rahman anteng seng obah turu ngleker diiyong- iyong selawat nabi.

Sak marine didongani dijak puter kayun ngubengi jamaah, wong tuwek keloron lungguh anteng ngrungokno tauziah pengasuh KSB intine amanah nggedekaken anak iku tanggung jawab hang kudu dilakoni sampek tutug ngeteraken nong pelungguhan kuwade, trus bab pendidikan agomo lan budi pekertine ugo wawasan kemasyarakatan lan berbangsa.

Kabeh hang hadir ngaminaken nong pungkasane acara kanggo wujud syukur lan kesuwon didum berkatan sego kotakan isi urap, kare pitik tempe tahu, ndog kulub, sambel, sego ambi jajanan pasar. Sego kuning putih gureh, diwadae mika cilik nggo sarat, sego gunung dibungkus kertas minyak ambi apem, sumping, gedang goreng, onde2, urung2.
Diwadai kresek putih berkatan mau ditambahi maning sego kotak jumat berkah hang biasa istiqomah teko warung 313 bu Dewi Canggu. Nengeri aran  bengi iku,  kroso ndadekaken kangen nong tanah kelairan. (Ambarwati Soenarko).

Komentar

Tinggalkan Balasan

Alamat surel Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *